Ayo Nulis Basa Jawa!

Ora sengaja, sak wuse teko ngomah saka anggonku makarya, ana tayangan salah sawijine TV Swasta kang mbahas majalah Panjebar Semangat. Kanggo para guru sepuh lan para sutrisno sastra Jawa, khususe in tlatah Jawa Timur, majalah Panjebar Semangat opo dene majalah Joyo Bayo mesthine wis dudu barang kang asing. Rong puluh utawa telung puluh tahun kepungkur, kekarone minangka idola wacane para guru lan para sutrisno sastra Jawa. 


Jebule, majalah Panjebar semangat iku, isih terbit saben seminggu pisan. Oplahe nyelot mudun ananging isih iso terus nglakokake usahane amarga isih nggunaake mesin-mesin lawas produksi 40 tahun kepungkur. Majalah Penjebar semangat uga tansah diproduksi kanthi mode klasik. Malah ora ana bedane antarane Panjebar Semangat ing tahun 90-an nganti seprene.

Para karyawane majalah Panjebar semangat uga katon wis padha sepuh yuswane. Saperangan karyawan ana sing yuswa 30 an tahun, ning cacahe ora akeh. Mayoritas karyawan usia 45-60 tahun. Mesin kang diopeni kanthi teberi iku isih tetap iso ngasilake produksi majalah kanti teberi sanadyan saka desain lan kualitas asil cetake ora ana kemajuan.

Visi utamane para pimpinan perusahaan lan para karyawan ora liya nglestariake basa Jawa. Para redaktur rumangsa prihatin ewa dene para mudha zaman saiki wis akeh sing oran ngopeni basa Jawa kanthi paripurna. Para mudha zaman saiki isih luwih seneng bibinau basa asing khususe basa Inggris. Warisan utama para leluhur padha ditinggalake luwih dhemen karo budaya luwar. 

Yen kahanan iku diterusake, terus priye nasibe basa Jawa? Apa basa Jawa arep dadi sejarah kang mung ana crita-citra buku sejarah ing tembe mburi?


Nulis Basa Jawa

Salah sawijing upaya kanggo nglestariake basa Jawa ora liya kanti nulis ing basa Jawa. Ing pagesangan modern iki wis akeh kawula mudha kang demen nulis, aninging sithik banget kang kersa nulis ing basa Jawa. Tulisan nganggo basa Jawa kaya-kaya dumadi barang kang langka. Mbuh merga padha ora isa nulis basa Jawa utawa nyatu nggak duwe empati marang kalestarene basa Jawa.

Kasusastran Jawa sejatine kabudayaan kang adi luhung. Nalika negara-negara liya durung nduweni kabudayaan kang luhur, ing Jawa wis ono tulisan-tulisan kitab nganggo basa Jawa kuno. Kitab-kitab kang dikarang dene para empu lang para wasis nudhuhake yen nalika samana wong Jawa wis nduweni kabudayaan kang unggul. Ananging kasunyatane para generasi panerus urung iso mikul dhuwur mendhem jeru ing kabudayane dewe.

Wis wayahe para kawula mudha nggunaake basa Jawa kanthi bener ing komunikasi sakbendinane. SMS, chat, tulisan essai utawa artikel, story, lan liya-liyane kudune mulai ditulis nganggo basa Jawa. Supaya basa Jawa dadi basa kang kuncara. Ayo nulis basa Jawa!

Comments

Post a Comment