"Dadi wong Islam ning Indonesia, kudune tansah syukur", ngono kurang luwih dawuhe Mbah Moen (KH Maimoen Zubair) nalika panjenengane isih sugeng. Nyangapa? Sebab, ngalokoni syariat ning Indonesia iku bebas tanpa wates. Pingin sholat nganti keju dengkule, pingin ngaji sak katekke, pingin ngibadah apa wae, kabeh diparengake lan dilindungi dening pemerintah.
Contone; umume pengajian dileksanaake ono masjid utawa mushola lan madrasah. Nanging, umat Islam Indonesia, asring gawe pengajian ning lapangan bal-balan. Malah, uga akeh sing nganaake pengajian ana ing dalan-dalan, sampek nutup akses lalu lintas.
Kedadean kaya ngono iku ora bakal ana ning negara-negara liya, senaosa negara Islam. Ning Mesir, Saudi Arabia, lan negara-negara liya, uga ora diparengake nganaake pengajian ing panggonan umum. Beda banget karo Indonesia. Bebas lan dilindungi dene aparat senajan rodok ngganggu kelancaran lalu lintas.
Umat Islam ing Indonesia uga tansah syukur amerga penak-e umat Islam ngedekake langgar/mushola lan masjid. Ing wilayah-wilayah kang mayoritas muslim, senadyan muslim sing urung gelem nglakoni shalat, kita diparengake nggawe mushola, masjid, utawa madrasah. Izinne yo enak lan kepenak. Sok-sok malah tanpa izin.
Islam KTP
Islam KTP minangka istilah kanggo para muslim kang wis syahadat ning urung gelem nglakoni shalat lan syariah liyane. Ing Indonesia, senadyan manut statistik umat Islam-e kurang luwih 85%, ananging urung kabeh gelem nglakoni shalat. Akeh-akeh isih padha KTPne sing Islam, nanging durung gelem nglakoni ibadah kanthi istikomah.
Menurut Gus Baha (KH Baha'udin Nursalim), anane wong Islam KTP iki uga kaberkahan kanggo umat Islam Indonesia. Merga akehe Islam KTP iku lah umat Islam ing Indonesia klebu umat Islam mayoritas. Lan ing negara sing umat Islam-e mayoritas nyebabake urusan umat Islam kepenak.
Anane Islam KTP uga nuduhake dene umat Islam sing wis istikomah nduweni panggonan dakwah kang ombo banget. Umat Islam nduweni kesempatan kanggo ngibadah kanthi nyebarake agama Islam. Tamtune iki minangka kesempatan nglumpukake sangu kanggo panguripan abadi ing akhirat.
Comments
Post a Comment